Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh
Alhamdulillahi Rabbil’aalamiin. Assholatuwassalamu’alaa
ashrofil anbiyaa iwalmursaliin, sayyidina wa maulana muhammadin wa ‘alaa alihi
wa ashkhabihi ajma’in. Amma ba’du.
Almukarrom Rama Kyai Haji Agus Mu’adzin ingkang ndahat
kinabekten.
Dhumateng lurah desa Babadan ingkang ndahat kinurmatan, sumawana sesepuh lan pinisepuh ingkang ndahat kinurmatan.
Saha bapa-ibu tamu undangan ingkang winantu ing suka basuki.
Dhumateng lurah desa Babadan ingkang ndahat kinurmatan, sumawana sesepuh lan pinisepuh ingkang ndahat kinurmatan.
Saha bapa-ibu tamu undangan ingkang winantu ing suka basuki.
Alhamdulillahirabbil’aalamiin,
sakderengipun mangga kula lan penjenengan sedaya ngaturaken raos syukur konjuk
ing ngarsanipun gusti Alloh SWT, ingkang sampun maringi rahmat, taufiq, hidayah
saha inayahipun saengga kula lan penjenengan sedaya saged kempal ing miwahan
puniki, kanthi mboten wonten alangan satunggal menapa.
Boten kesupen, sholawat saha salam mugi tansah angaturaken dhumateng Nabi agung Muhammad SAW, ingkang tansah dipun antu-antu syafaatipun wonten ing yaumul qiyamah.
Boten kesupen, sholawat saha salam mugi tansah angaturaken dhumateng Nabi agung Muhammad SAW, ingkang tansah dipun antu-antu syafaatipun wonten ing yaumul qiyamah.
Sakderengipun
acara kawiwitan, kula jejibahan jejer pranata cara ing miwahan syukuran
khitanan ing dalu puniki, ngaturaken maturnuwun lan sugeng rawuh dhumateng para
tamu sedaya. Salajengipun, kaparenga kula maosaken rantamaning adicara ingkang
sampun rinunce kanthi mekaten
·
Pambuka
·
Waosan
ayat suci al-quranulkarim
·
Atur
pambagyaharja saking kaluwarga
·
Muidzoh
Hasanah
·
Panutup
Sumangga,
adicara ingkang kapisan, dipun bikak sesarengan kanthi waosan ayat suci
Al-Quran. Alfatihah....
Aamiin ya
rabbal ‘aalamiin. Adicara ingkang kaping kalih inggih punika waosan ayat suci
alquranul karim, ingkang dipun tindhaaken mbak Hannah Masrurin. Dhumateng mbak
Hannah Marsurin, Sumangga.
Maturunuwun
dhumateng mbak Hannah Masrurin, dungkap adicara ingkang kaping tiga inggih
punika atur pambagyaharja saking kaluwarga. Dhumateng pak Imam Badri, kawula
sumanggaaken.
Maturnuwun
dhumateng jejibahan, para tamu ingkang dahat kinurmatan, niku wau pambagyaharja
saking pihak kaluwarga. Dungkap adicara ingkang kaping sekawan inggih punika
mauidzoh hasanah ingkang InsyaAlloh dipun tindhaaken Rama Kyai Agus Muadzin.
Dhumateng Rama kyai Haji Agus Muadzin, wekdal saha papan kawula sumanggaaken.
Maturnuwun
dhumateng Rama Kyai, mugi kula lan panjenengan sedaya angsal barokah ilmunipun.
Adicara salajengipun inggih punika adicara pungkasan. Ananging sakderengipun
adicara dipun tutup, kula jejibahan pranatacara wonten mriki, menawi anggen
kula nglantaraken adicara punika kathah kekiranganipun ingkang boten mranani
wonten ing penggalih penjenengan sedaya, kula nyuwun agunging pangapunten.
Maturnuwun.
Mangga adicara
dipun tutup kanthi waosan tahmid sesarengan.
Cekap semanten
atur kula.
Wassalamualaikum
warohmatullahi wabarakatuh