Selasa, 28 Mei 2013

pranatacara "Khitanan"



Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh
Alhamdulillahi Rabbil’aalamiin. Assholatuwassalamu’alaa ashrofil anbiyaa iwalmursaliin, sayyidina wa maulana muhammadin wa ‘alaa alihi wa ashkhabihi ajma’in. Amma ba’du.
Almukarrom Rama Kyai Haji Agus Mu’adzin ingkang ndahat kinabekten.
Dhumateng lurah desa Babadan ingkang ndahat kinurmatan, sumawana sesepuh lan pinisepuh ingkang ndahat kinurmatan.
Saha bapa-ibu tamu undangan ingkang winantu ing suka basuki.
Alhamdulillahirabbil’aalamiin, sakderengipun mangga kula lan penjenengan sedaya ngaturaken raos syukur konjuk ing ngarsanipun gusti Alloh SWT, ingkang sampun maringi rahmat, taufiq, hidayah saha inayahipun saengga kula lan penjenengan sedaya saged kempal ing miwahan puniki, kanthi mboten wonten alangan satunggal menapa.
Boten kesupen, sholawat saha salam mugi tansah angaturaken dhumateng Nabi agung Muhammad SAW, ingkang tansah dipun antu-antu syafaatipun wonten ing yaumul qiyamah.
Sakderengipun acara kawiwitan, kula jejibahan jejer pranata cara ing miwahan syukuran khitanan ing dalu puniki, ngaturaken maturnuwun lan sugeng rawuh dhumateng para tamu sedaya. Salajengipun, kaparenga kula maosaken rantamaning adicara ingkang sampun rinunce kanthi mekaten
·         Pambuka
·         Waosan ayat suci al-quranulkarim
·         Atur pambagyaharja saking kaluwarga
·         Muidzoh Hasanah
·         Panutup
Sumangga, adicara ingkang kapisan, dipun bikak sesarengan kanthi waosan ayat suci Al-Quran. Alfatihah....
Aamiin ya rabbal ‘aalamiin. Adicara ingkang kaping kalih inggih punika waosan ayat suci alquranul karim, ingkang dipun tindhaaken mbak Hannah Masrurin. Dhumateng mbak Hannah Marsurin, Sumangga.
Maturunuwun dhumateng mbak Hannah Masrurin, dungkap adicara ingkang kaping tiga inggih punika atur pambagyaharja saking kaluwarga. Dhumateng pak Imam Badri, kawula sumanggaaken.
Maturnuwun dhumateng jejibahan, para tamu ingkang dahat kinurmatan, niku wau pambagyaharja saking pihak kaluwarga. Dungkap adicara ingkang kaping sekawan inggih punika mauidzoh hasanah ingkang InsyaAlloh dipun tindhaaken Rama Kyai Agus Muadzin. Dhumateng Rama kyai Haji Agus Muadzin, wekdal saha papan kawula sumanggaaken.
Maturnuwun dhumateng Rama Kyai, mugi kula lan panjenengan sedaya angsal barokah ilmunipun. Adicara salajengipun inggih punika adicara pungkasan. Ananging sakderengipun adicara dipun tutup, kula jejibahan pranatacara wonten mriki, menawi anggen kula nglantaraken adicara punika kathah kekiranganipun ingkang boten mranani wonten ing penggalih penjenengan sedaya, kula nyuwun agunging pangapunten. Maturnuwun.
Mangga adicara dipun tutup kanthi waosan tahmid sesarengan.
Cekap semanten atur kula.
Wassalamualaikum warohmatullahi wabarakatuh